Sabtu, 03 Maret 2012


Cuy, arane aku Mikail Zarkasi., tapi dundang bae aku iteng (huruf e ‘ne nggo tajwid taling ya) #bisane didundang iteng?? Ntempang nemen karo nama asline..#. lah uwis lah.. aja takon kuwe,. Aku ne bee ra ngerti -___-

            Sst sst.. kie keh’ neng blog’e aku sing alamate www.fingerboardtegal.blogspot.co.id aku mosting sing judule “Papan Jari”. Sasline yaa, aku ora niat nggawe blog kaya kie, tugase sekolah akeh nemen maning, pan ujian nasional padahal., Tapi sih yaa’ wong kie di tugasna kamen guru TIK ne sih yaa., pan pibe-pibe maning,. Engko dong ora dikerjakna yaa reeepot oh, ora olih nile neng rapot ngko. Hehe,. Wis lah, tak ikhlasna.. :D
            Yuh yuh yuh’ ja kesuen., kie aku ngetike nganggo laptop karo di ces keh,. Engko dong sue sue, tagihan saka PLN ne selat akeh.. keh ya’ delengna gambare ndisit sing arane “Papan Jari” siisan karo jarine:


Dong dideleng-deleng.’ kaya’e pegawean nemen yah’. Memang laka istimewane, wong dolanane digores-gores tok, diwolak walik, mencolot mubeng mubeng ora nggenah lah --‘ zzz. hehe




Tak kenali ndisit wiis.. Dolanan kie kue miniature skateboard, papane cilik, rodane cilik, kabehe cilik lah, luwih jeline maning dawane papane sekitar 5 njog 6 sentinan lah.. cilik woh ya? Wong sing dolanan kie bee rata-rata pemikirane cilik. Haha., Oraa ding. xD ,. Dolanan kie keh dong ora salah aran sing ngetrend ne fing fing apa kueh, kayane tah “Fingerboard”, sing artine ‘Finger kue jari, laah Board kue papan.. dong digabungna ya artine dadi “Papan Jari”.
bagian-bagiane fingerboard


Eh eh, mau pas sing neng duwur tak critakna sing dong di deleng-deleng kue looh, ora mung segampang kue. Nggo nggawe fingerboarde endah mencolot bee latihane nguyud nemen. Apa maning sing diubeng ubengna neng udara, latihane bakal nganti dugal wis.. Sing sabar bae. “alon-alon asal kelakon” . (jaaaareeeeee)

Teknik teknik mencolot mencolot nganggo loro jari (jari tengah karo tlunjuk sing diibarat na sikil dong dolan skate board) kueh teknike enggal rata-rata pada bae kaya teknik teknik sing neng skateboard. Arane teknike ya pada bae. Mung dong neng fingerboard ora bsa teknik Three Sixty sing kayak neng skateboard (mubeng nganti 360˚) #yaiyalaaah, dong tangan nganti mubeng semono hisa hisa sengklek ngko. --‘ مستحيل jon, sing basa inggrise impossible, basa georgia'ne შეუძლებელია , basa turkine imkânsız, basa# Tuli, sing sejen maning, dong dolanan fingerboard kue laka nyalii ne, bocah playgroup bee wani dolanan fingerboard. Tapi dong neng skateboard, kue kudu ndue nyali sing gede nemen.. 
Dong kowen kowen pada ora minat karo fingerboard li ora nduwe nyali yaa mending dolanane barbie bae’.. haha.., :v






              Kweh, neng sbelah ngalor.. kue fotone novriyadi. Jare wong kue, dolanan fingerboard kue ana unik unik’e dewek.. saben teknik-teknike nduwe keangelan sing pada bae karo skateboard,.  Bahkan (basa tegale apa sih ya? -__-) eben dadi trik sing mak jleb kudu ana panduane, saka video-video training fingerboard, li latihan bareng bareng karo kanca-kancane sing pada bisa dolanan fingerboard.. Kue jarene novriyadi,. 
Jaree nyong sih ya, sing wis pentolan dolanan fingerboard kamen skateboard,. #mbahahahahaa xD # Keloro dolanan kuwe nduwe tantangan sing sejen-sejen,. Dadi nimbulna sensasi sing sejen-sejen rasane.. #alaaaaay#. Ora percaya??? Dong ora percaya, mana njajal dewek dolanan finggerboard karo dolanan skateboard manaa.. engko bar njajal dolanan, bakale rasane ora kayak sing aku omongna nembesan.. hahahahaha xD

        Tuli jare aku maning yaa, dolanan fingerboard kue ora serepot dolanan Skateboard., maksude kueeh’ dolanan fingerboard kue dolanan sing portable.. ente ora ngarti portable?? Ndesoooo! Portable kue artine bisa dilakukna apa di dolan na neng endi bae,, (jare sahange aku) mbuh kweh bener apa ora.., dong bener ya aku seneng,. Dong salah yaa aku isin dewek -____- hehe.. tuli ya, dolan fingerboard kweh ra nggawe kesel, resiko ciderane yaa minim nemen,. Dong cuacane ora apik yaa esih tetep bisa dolanan fingerboard., sejen lah karo skateboard. Njajal oh, koen pan dolan skateboard, li cuacane ora apik., bakale yaa ora sida dolan,. Li neng umah plonga plongo tok kayak wongedan. --“ li jare Fadhil Akbar, dong wonge sing kaya wongedan kya mau wonge cina., diarani daning Fadhil Akbar “CIPLO”, kue singkatane saka “Cina Sipit Plonga-plongo”.. haha, #bagi yang merasa,. Saaya maafkan,. # looh? --‘ tapi jare aku ya, dong kayak kue mending dolanan fingerboard, dong ora yaa dzikir karo shallawatan.. li olih pahala oh,, #wiii,, kaji’ne tongool’  hahaha xD
 

Hmm.. Mbahas regane dolanan kie yuh.., dong ora salah, regane fingerboard sing di produksi daning Tech Deck sing original kue nganti satus patang puluh ewu menduwur. Li eing regane luwih pentolan maning, kuwe produk sing impor. Regane paling larang bisa nganti 1,8 juta nan.. #kue duit semono nggo tuku dolanan kayak kue took..?? --“ jare ibune aku tah mending nggo tuku beras,. Li olih 9 karung, sing isine selawe kilonan perkarunge., hehe..#, hmm, dong produk Tech Deck sing KW siji, loro telunan kweh regane mung saka selawenan ewu nganti ora luwih saka satus ewunan,. Tuli siji maning, dong kowen kowen pada pengin tuku sing luwih murah saka mau kabeh,. Yaa tuku bae neng klontengan. Mung rodane ora bisa mubeng.., --‘ haha xD


Keh keh, dong pan ndeleng pibe  dolanananne fingerboard,. tonton baae keh..


 Sekian wis yaa,,. Dong tertarik tuku yaa tuku bae, dong ora ya ora susah tuku., li dong pengin tuku, li ora nduwe duit, tak saran na mending ora susah kepengin.. hookeh mamen? Cekeracoo..
            ..monggoh komentnya..